Rabu, 21 Mei 2014

bahasa jawa


UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI
A.    Pangertosan
Unggah-ungguh ugi asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat ujaran, utawi speech level (bahasa inggris).
1.      Unggah-ungguh, tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama. Womdone tatakrama tegesipun tata caranipun gineman dhumateng tiyang sanes saha tindak-tanduk utawi soalah tingkah (pangucap saha patrap).
2.      Undha usuk, tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak-tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan tumindakipun (pangucap saha patrap).
3.      Tingkat (speech levels) inggih menika tatacaranipun (kode) ngaturaken raos pakurmatan (sopan) dhumateng tiyang sanes rikalanipun sami gineman. Wondene pranatanipun kawengku ing pamilihipun tembung-tembung (leksikon, kosa kata), widyaswara (fonologi), widya tembung (morfologi), widya ukara (sintaksis).
B.     Panganggenipun Basa Jawi
Basa jawi wonten bebrayan agung menika tansah kaprebawan kalih basa nasional (Indonesia) lan basa manca (asing), pramila asring lan kenging interferensi babagan tembung utawi interferensi leksikal lan babagan paramasastra (tata bahasa utawi interferensi gramatikal)
1.      Campur Kode
Masarakat jawi menika majemuk, heterogen; maneka warni asal, suku, umur, basa, agami lan pendhidhikan; pramila menawi sami gineman asring ngginakaken basa ingkang dipuncampur (campur kode).
2.      Alih Kode
Tiyang/ priyantun gineman wonten samadyaning bebrayan agung kedah ngugak panggenan lan kawontenan (empat papan), pramila asring ngginakaken alih kode utawi gantos basa ingkang dipun-ginakaken.
3.      Kirang Ngembaka
Basa jawi wekdal menika ajinipun kirang lan wonten bebrayan agung kawastanan kirang ngrembaka, jalaran keterak : Kolokial, Down Float, lan Rural

C.    Jinising Ungah-Ungguhing Basa
Adhedhasar dhapukanipun ukara lan pamilihing tembung basa jawi menika saged kaperang wonten 6 (enam) tataran, inggih menika:
1.      Ki Padmasusastra (1989), unggah-ungguhing basa wonten 6 (enam) tataran, inggih menika:
1.      Basa ngoko           1) Ngoko Lugu
2)Ngoko Andhap, wonten 2 :
a)      Antya Basa
b)      Basa Antya
2.      Basa Krama           1) Wredha Krama
2) Madya Krama
3) Madyantara
3.   Krama Inggil
4.   Krama Desa
5.   Basa Kedhaton utawi Basa Bagongan
6.   Basa Kasar
7.   Basa Netral
2.      Soepomo Poedjosoedarmo, dkk (1979); unggah-ungguhipun basa saged kaperang dados 9 (sanga) tataran, inggih menika:

Krama                         Mundha krama
                        Kramantara (jarang terdengar)
                        Wredha Krama (jarang terdengar)
Madya                         Madya Krama
                        Madyantara
                        Madya Ngoko
Ngoko                         Basa Antya
                        Antya Basa
                        Ngoko Lugu
3.      Subalidinata (1994), ngandharaken bilih unggah-ungguh basa jawi menika kaperang dados 2 (kalih) perangan; inggih menika : Ngoka lan Krama (krama lugu saha krama alus)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar