UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI
A.
Pangertosan
Unggah-ungguh ugi asring sinebat undha usuk,
tingkat tutur, tingkat ujaran, utawi speech
level (bahasa inggris).
1. Unggah-ungguh, tegesipun tata pranataning basa
miturut lungguhing tatakrama. Womdone tatakrama tegesipun tata caranipun
gineman dhumateng tiyang sanes saha tindak-tanduk utawi soalah tingkah
(pangucap saha patrap).
2. Undha usuk, tegesipun tatakrama
unggah-ungguhing ginem tuwin tindak-tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan
tumindakipun (pangucap saha patrap).
3. Tingkat (speech
levels) inggih menika tatacaranipun (kode) ngaturaken raos pakurmatan
(sopan) dhumateng tiyang sanes rikalanipun sami gineman. Wondene pranatanipun
kawengku ing pamilihipun tembung-tembung (leksikon,
kosa kata), widyaswara (fonologi),
widya tembung (morfologi), widya
ukara (sintaksis).
B.
Panganggenipun Basa Jawi
Basa jawi wonten bebrayan agung menika tansah
kaprebawan kalih basa nasional (Indonesia)
lan basa manca (asing), pramila asring lan kenging interferensi babagan tembung
utawi interferensi leksikal lan babagan
paramasastra (tata bahasa utawi interferensi gramatikal)
1. Campur Kode
Masarakat jawi menika majemuk, heterogen; maneka warni asal, suku, umur,
basa, agami lan pendhidhikan; pramila menawi sami gineman asring ngginakaken
basa ingkang dipuncampur (campur kode).
2. Alih Kode
Tiyang/ priyantun gineman wonten samadyaning bebrayan agung kedah ngugak
panggenan lan kawontenan (empat papan), pramila asring ngginakaken alih kode
utawi gantos basa ingkang dipun-ginakaken.
3. Kirang Ngembaka
Basa jawi wekdal menika ajinipun kirang lan wonten bebrayan agung
kawastanan kirang ngrembaka, jalaran keterak : Kolokial, Down Float, lan Rural
C.
Jinising Ungah-Ungguhing Basa
Adhedhasar dhapukanipun ukara lan pamilihing
tembung basa jawi menika saged kaperang wonten 6 (enam) tataran, inggih menika:
1. Ki Padmasusastra (1989), unggah-ungguhing basa
wonten 6 (enam) tataran, inggih menika:
1. 
Basa ngoko 1)
Ngoko Lugu


2)Ngoko Andhap, wonten 2 :
a) Antya Basa
b) Basa Antya
2. 

Basa Krama 1)
Wredha Krama



2) Madya Krama
3) Madyantara
3.
Krama Inggil
4. Krama
Desa
5.
Basa Kedhaton utawi Basa Bagongan
6. Basa
Kasar
7.
Basa Netral
2. Soepomo Poedjosoedarmo, dkk (1979);
unggah-ungguhipun basa saged kaperang dados 9 (sanga) tataran, inggih menika:



Kramantara
(jarang terdengar)
Wredha
Krama (jarang terdengar)



Madyantara
Madya
Ngoko



Antya
Basa
Ngoko
Lugu
3. Subalidinata (1994), ngandharaken bilih
unggah-ungguh basa jawi menika kaperang dados 2 (kalih) perangan; inggih menika
: Ngoka lan Krama (krama lugu saha krama alus)